•02.17
PANANDHANG
Timbrenging sesawangan
Gawang-gawang ndayani ati kang sepa
Rasa kasiya
Panjeriting jiwa nelangsa
Wus kadhung tumama
Ing telenging kaca rasa
Kanthi tetangis ngelak usadha
Tresna iki tresnane sapa...?
Kangen iki kangene sapa...?
Geneya kudu linambaran dhustha
Timbrenging sesawangan
Gawang-gawang ndayani ati kang sepa
Rasa kasiya
Panjeriting jiwa nelangsa
Wus kadhung tumama
Ing telenging kaca rasa
Kanthi tetangis ngelak usadha
Tresna iki tresnane sapa...?
Kangen iki kangene sapa...?
Geneya kudu linambaran dhustha
· · Bagikan
- Lentera Hati Binarung tetesing lamur
Gregel kuwi tuwuh meneh
Nyocok-nyocok bundhelaning kalbu
Nora dakselaki
Kudu dakakoni
Bangetku abot nglalekna sliramu
Prastawa kawuri
Ansah ngegodha
Angreridhu ati
Datan kandheg dening apa-apa
Sauntara ing telenging dhadha, isih ngrerepa wujudmu sanyata9 April pukul 20:37 · · 1 - Lentera Hati Rerakit sastra ginurit
Ing dluwang-dluwang putih dakripta
Kinarya tamba duhkitaning nala
Anglaras lelaraning jiwa
Amung nuruti adrenging rasa
Kang kumudu - kudu
Kang kalut kapilut pamiluting tembung memalatsih
Jer nyatane amung nggembol lelamisan kewala
Kaca-kaca mbaka siji, saya cetha mbebeda ati9 April pukul 20:38 · · 2 - Lentera Hati Isih ana rembulan panglong
Kang kasdu nyoloki laku wengi kekes samun
Lan angina lirih tumiyup ing getering kuncup-kuncup mlati
Impenku lan impenmu nyabrang ing sepine taman sriwedari
Nlusur ing ngendi nate kaukir janji prasasti
Apa isih ana salembar karila-legawan
Negesake wujude kaendahan
Kang dadi wungkusing prasetyaning atiku lan atimu9 April pukul 20:38 · · 1 - Lentera Hati Ing kunjaraning kapang
Njereng pangarep kang katutup sangsaya rapet
Nyungging kabeh gagambaran klawu sing durung kawengku
Katungkul ngumbar gagasan
Satemah digawa ngimpi
Pangasahe sepi samun
Tembanging pikir kang lagi ngambang
Ngambara ing awang-awang mokal sinawang9 April pukul 20:39 · · 1 - Lentera Hati Pangarasing kapang
Gawang-gawang tumiyung ing ngawang-awang
Nelungake pang-pang panandhang
peteng nggameng atiku gothang
Jer nyatane
Jangkah wus kabacut adoh simpangan
Lumaku milih dalan sowong-sowangan
Kejer kekitrang kelangan katresnan
Yagene asmarandana lena, sauntara rasa ngrerepa natah asmamu kusuma9 April pukul 20:39 · · 1 - Lentera Hati Daksuwek wingiting wengi
Dakluru suwunge ati
Sanadyan ginubed tintrim rinasa ngrujit
kepati sepi kinaweden kori-korining ngaurip
Nyamudana wingkis sakehing kekarepan
Nutup kudhuping kekembangan
Tembang karerentan
Mbeber panalangsa
Karamut kanthi tumetese waspa cuwa
Tangising wulanjar kang nandhang duhkita9 April pukul 20:40 · · 1 - Zafa Kasmaran Bertahansatucinta Mingkar mingkuring angkara
akarono karenan mardi siwi
sinawung resmining kidung
sinuba si mukarta
mrih ketarto pakartining ngilmu luhur
kang tumrap neng tanah jawi
agama ageming aji9 April pukul 20:41 · · 3 - Lentera Hati zafa ...Anetes idu manis
Angemu wisa hawa
Lumrang angambar janji
Nilep netra binuka
Tan wijang soroting wulan
Yektining uni keri
Amung njojoh ati
Sapandurat aku gragap, nyidhem tetangis ati kang wigar9 April pukul 20:42 · · 3 - Sri Ningsih Bumi gonjang ganjing langit kelap kelip ooonggg.,trutuk trutuk gendang gendang.,latihan dadi dalang yo Lent..?wkwkwkwkwk9 April pukul 20:49 · · 1
- Lentera Hati sri kapan bali slriramu tansah ndak anti anti oleh olehmu he he he9 April pukul 20:50 · · 1
- Sri Ningsih Nek bli ngko tak njujug smrg,entenono sliraku nang sta.tugu yo..hehe9 April pukul 20:56 · · 1
- Lentera Hati Gegambangan lelagon kapang
Ngujiwat nelungke pang eseme
Aggandha arum mlati rinonce
Ndayani lathi angucap asmane
Kang rina wengi dadi impene
Sauntara sumiliring angin saya kekes pangeluse9 April pukul 21:03 · · 1 - Thywati Cweklenge Sllud'sakitin Nhe dha tmen cy yg mau kuT Gbung k'grup qt,,n tlg d'msukkan iiya! Add dagh dinia canana cii gokil abis
0 komentar: